parikan jawa



Wit Klopo kuwi arane Glugu,
Disigari diporo dadi pitu.
Saben dino aku ora bisa turu,
Kangen sopo, ora jelas ning atiku. 

Jajan sekoteng, no prapatan karang ayu..
Opo artine ngganteng, nek ora payu-payu

Ngombe jamu, marakke lemu..
Tresnaku marang sliramu, kealang brengos'e bapakmu. 

Mlaku-mlaku nang tunjungan.
Iki Tresnoku, nang awakmu gak ketulungan

kakehan mikir gak iso lemu,
bengi yo susah turu.
cumak slirahmu,
sing iso nggawe tentrem lan bungahe atiku

tuku jamu, karo dolanan.
Sliramu, pancen ayu tenan

Blonjo gulo karo tomat
Ayo konco podo tobat
Rendang babat isi tomat
Ndang tobat selak kiamat
 Bengi-bengi nemu lowo
Lowo ne ono ing wit telo
Dadi bocah ojo sembrono
Kudu taat marang wongtuo
Rio blonjo buah tomat
Blonjo ne nang amerika serikat
Ayo konco podo tobat
Ojo nganti nyesel nang akhirat
Isuk sore podo sholawatan
Ngirim dongo karo sing kuoso
Urip iku amung pisan
Ojo digawe susah lan nelongso
Bagong iku hobi ngukir
Sing diukir arek suroboyo
Ngomong kuwi kudu dipikir
Ojo sampek gawe sengsoro
Ngombe sinom nguntal obat,
Enthek limo katutan kecambah ...
Mumpung jek enom ayo ndang tobat,
Urip nang ndunyo ojo lali ibadah
Ojo Kuminter Mundak Keblinger, ojo Cidro Mundak Cilako (Jangan merasa paling pandai agar tidak salah arah; Jangan suka berbuat curang agar tidak celaka).
Borobudor ono jawa tengah
Gunung kelod ono jowo timur
Poro sedulor ojo podo susah
Meniko pantun podo menghibur

Wetan gunung kulon gunung
Tengah-tengah ono segoro
Ijeh uri ojo bingung-bingung
Printahe Allah ndang lakonono

Manok emprit manuk seriti
Manok doro nutuli sego
Ijeh urip seng ngati-ngati
Ojo podo ngelakoni doso

Dimar cilik arane cublik
Dimar gede benter murupe
Awet cilik tumindak becik
Soyo gedhe bener lakune

Menyang jombang tuku sarung
Menyang malang tuku kelambi
Ojo bimbang lan ojo binggung
Sholat sembahyang ndang dilakoni

Dolanan gitar lagune melayu,
Yen atiku disigar hanya ada kamyu





  Kawula mung saderma, mobah-mosik kersaning Hyang sukmo”. Artinya Lakukan yang kita bisa, setelahnya serahkan kepada Tuhan.
  “Ambeg utomo, andhap asor”. Artinya Selalu menjadi yang utama tapi selalu rendah hati
Sabar lan narimo marganing basuki, ngangsa-angsa marakake brakala.
(Bersabar dan bersyukur akan mendapatkan keselamatan)
.
Ojo Kuminter Mundak Keblinger, ojo Cidro Mundak Cilako.ajining dhiri soko lathi lan budi
(berharganya dhiri pribadi seseorang,tergantung ucapan dan budhi pekertinya/akhlaknya)
23.pangucap iku biso dadi jalaran kabecik'an,pangucap iku ugo biso dadi dalaning pati,kasengsaran,pamitran.
(ucapan bisa menjadi sarana kebaikan,tetapi sebaliknya juga bisa menjadi sebab kematian dan kesengsaraan)

Comments

Popular posts from this blog

KISAH TANAH JAWA